|
ono kidung rinekso ing wengi,
nalikane mripat sumuruh antarane turu lan tangi
kidung kang lamat ngrasuk tumresep sajroning ati
tembang katresnan kang lumantar saking lire bayu ing poking wengi iki
sepi mamring koyo dene jerone ati kang kadung atis
tembang wengi awujud rintiking gerimis
tetimpal swara lirih saka dada kang nggegiris
swara ati dede swara saka lambe kang lamis
duh kusumo, dak lamun sauntoro parasmu
kanti seseling pangarep-arep nggegayuh tresnamu
nrajang kabeh kang dadi kalang rasa
puput mbabat opo kang dadi ganjel ing dada
duh gusti, kanti sumebyaring roso kangen kang wus kaudal
lerem anggone kemrusuk dada kang koyo kasungsal
wis tak remke mripatku ben enggalo budal
papan impen panggayuhku kang tentrem tanpo nglairke rasa semendal
nakulo 14, 24.11.2011

Jawa Timur, 2012-09-11 : 18:07:24 Salam Hormat Wara Srikandi
Wara Srikandi mulai gabung sejak tepatnya Kamis, 2012-06-21 15:41:56. Wara Srikandi dilahirkan di Malang mempunyai motto
Puisi : 18 Karya Cerita Pendek : 4 Karya Total : 22 Karya Tulis
DAFTAR KARYA TULIS Wara Srikandi
Isi Komentar PUISI/GURIT~KIDUNG RINEKSO ING WENGI 4124
BACK
ATAU berikan Komentar mu untuk karya PUISI/GURIT~KIDUNG RINEKSO ING WENGI 4124 di Facebook
Terimakasih KASTIL CINTA KU ,
CORNER KASTIL CINTAKU Mutiara Sukma
Orang yang bercita-cita memiliki ribuan strategi, Orang yang tidak memiliki cita-cita merasakan ribuan kesulitan
MIS Mutiara Sukma : Dian Tandri | Suryantie | Ade Suryani | Arum Banjar Sarie | Ambar Wati Suci | Chintia Nur Cahyanti
|
|